Rabu, 26 Oktober 2016

Guru wilangan, guru lagu lan guru pada


Guru wilangan, guru lagu lan guru pada

1. Guru wilangan, sing diarani guru wilangan yaiku cacahing wanda saben sagatra. Ing macapat utawa sekar tengahan, saben gatra utawa baris diarani pada lingsa. Nanging yen ana sekar ageng, guru wilangan diarani lampah. Ing sekar macapat, guru iku tegese abot utawa awrat.
Diarani abot amarga :
A. Gumathok sukon wulone ing saben pungkasaning gatra.
B. Gumathok cacahing gatra ing saben pupuh.
C. Gumathok cacahing gatra ing saben pupuh.

2. Guru lagu, guru lagu yaiku tinibaning swara a,i,u,e,o ing pungkasaning gatra. Guru lagu iki uga diarani dhong dhing. Ing sekar ageng, guru lagu nduweni teges liya, yaiku guru tegese unjal napas ing kawitane pedhotan, lan lagu tegese unjal napas candhake ing sajroning pedhotan. Dene ing kekawin, guru tegese suwara abot, lagu tegese yaiku swara entheng.
3. Guru wilangan lan guru lagu ing macapat.
A. Dhandanggula : 10 i, 10 a, 8 e, 7 u, 9 i, 7 a, 6 u, 8 a, 12 I, 7 a. [10 gatra]
B. Kinanthi : 8 u, 8 I, 8 a, 8 I, 8 a, 8 i. [6 gatra]
C. Pocung : 12 u, 6 a, 8 I, 12 a. [4 gatra]
D. Asmaradana : 8 I, 8 a, 8 e/o, 8 a, 7 a, 8 u, 8 a. [7 gatra] 
E. Pangkur : 8 a, 11 I, 8 u, 7 a, 12 u, 8 a, 8 i. [7 gatra] 
F. Durma : 12 a, 7 I, 6 a, 7 a, 8 I, 5 a, 7 i. [7 gatra] 
G. Mijil : 10 I, 6 o, 10 e, 10 I, 6 I, 6 u. [6 gatra] 
H. Gambuh : 7 u, 10 u, 12 I, 8 u, 8 o. [5 gatra] 
I. Maskumambang : 12 I, 6 a, 8 I, 8 a. [4 gatra]
J. Megatruh : 12 u, 8 I, 8 u, 8 I, 8 o. [5 gatra]
K. Sinom : 8 a, 8 I, 8 a, 8 I, 7 I, 8 u, 7 a, 8 I, 12 a. [9 gatra]

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+
Tags :

Related : Guru wilangan, guru lagu lan guru pada

0 komentar:

Posting Komentar