Jumat, 24 Juni 2016

Tegese, Cirine, lan Jinise Tembang Dolanan


Tegese Tembang Dolanan
Tembang dolanan duweni teges bedo bedo, kayata :
1. tembang dolanan tegese lagu sing ditembangake sinambi jejogedan.
2. tembang dolanan uga bisa ateges lelagon kanggo dolanan bocah bocah.
3. tembang dolanan yaiku lagu sing isi utawa cakepane jumbuh/cocok karo umure bocah cilik.

cirine tembang dolanan
sing dadi titikane utawa cirine tembang dolanan, yaiku
1. basane prasaja, yaiku kajumbuhane karo umure bocah.
2. cengkok utawa wilet lagu sederhana
3. cacahe gatra utawa larikan winates/sitik.
4. rasane lagu seneng.
5. isine lagu ngemot : patuladhan, budi pekerti, tata susila, panggulawentah.

Jinise tembang dolanan
tembang dolanan cacahe ana 2 werna, yaiku
1. tembang dolanan gagrag waras.
sing diarani tembang dolanan gagrag lawas, yaiku lagu dolanan sing isine cakepane kajumbuhan karo umur bocah, lan biasane kalagokake dening bocah bocah, terkadhang disambi karo njoged.
ing ngisor iki ana sawatara lagu dolanan gagrak lawas manut isine:

a. lagu sing isine kena kanggo dolanan bocah bocah, tuladhane:
lagu : jamuran
jamuran ya ge gethok jamur apa
ya ge gethok jamur gajih
brejijih sak ara ara
sira badhe jamur apa

lagu sing isi lagune kena kanggo syiar agama, tuladhane :
lagu : lir ilir
lir ilir lir ilir tandure wis sumilir
tak ijo royo royo tak sengguh temanten anyar
cah angon cah angon penekna blimbing kuwi
lunyu lunyu penekna kanggo masuh dadatira
dadatira dadatira kumitir bedhahing pinggir
domana jlumatana kanggo seba mengko sore
mumpung gedhe rembulane mumpung jembar kalangane
ya suraka surak hiyo

lagu sing isi lagune kena kanggo sindhiran :
lagu : jaranan
jaranan jaranan jarane jaran teji
sing nunggang dara bei sing ngiring para mantri
jrek jrek nong jrek jrek nong srek esrek turut lurung
bug krincing gedebug krincing prok prok gedhebug jedher

lagu sing isi lagune kena kanggo perjuangan :
ayo kanca ayo kanca ngayahi karyane praja
kene kene kene kene gugur gunung tandang gawe
sayuk sayuk rukun bebarengan nyambut gawe
lila lan legawa kanggo mulyane negara
siji loro telu papat maju papat papat
diulang ulangke mesthi enggal rampunge
holobis kuntul baris holobis kuntul baris holobis kuntul baris
holobis kuntul baris holobis kuntul baris holobis kuntul baris

2. tembang dolanan gagrag anyar
lagu dolanan gagrak anyar, yaiku lagu sing isine cakepane wis ora kajumbuhane maneh karo umure bocah lan lagu iki wiwit moncer jamane ki narto sabdha/sawise mardika.
contone : swara suling, lesung jumengglung, praon.

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+

Related : Tegese, Cirine, lan Jinise Tembang Dolanan

1 komentar: