Rabu, 22 Juni 2016

Jinise Tembang Jawa


Wayahe Udan Kodhoke Ngorek
Mangsane saiki lagi rendheng,
Mula meh saben dina ana udan,
Udane saya ngreceh nganti tekan wayah bengi,
Kodhoke padha ngorek saut-sautan,
Unine kung kong kung rek kung kong kung rek.

Saya wengi swarane kodhok ngorek saya lirih,
Sajake kodhoke wis padha kesel,
Sing keprungu mung kari siji loro,
Malah-malah saya suwe ora keprungu,
Mak les aku kedadak turu.

Ing tengah wengi aku nglilir,
Amarga keprungu lama-lamat swarane gamelan,
Ki dhalang sing lagi suluk kanthi swarane gandem,
Karo swarane waranggana sing galik-galik nembang Pangkur,
Sajake bapak lagi nyawang ing radio.

Ing wacan dhuwur mau keprungu pirang-pirang swara, kayata swarane kodhok ngorek, unine gamelan, dhalang sing lagi suluk, lan swarane waranggana utawa pesindhen sing galik-galik.
swarane kodhok sing lagi ngorek, iku ora klebu tembang.
Unine gamelan ugo ora klebu tembang.

Share on Facebook
Share on Twitter
Share on Google+
Tags :

Related : Jinise Tembang Jawa

0 komentar:

Posting Komentar